Saturday, 8 October 2011

GANGSAL LAMPAH NAMPI KAWILUJENGAN



Pripun anggene kita nampi kawilujengan?
Dene kita sampun nglampahi gangsal lampahan punika, panjengan saget lelampahan ing margi kang tetuju kawilujengan. “Nampani Kawilujengan tegese panjenengane dipun uwalaken saking dosa, dipun icalaken saking kasiksaning neraka, kaparingan urip kang rahayu , lan sageto pinarakan dateng Surga.
Ingkang kapisan, panjenengan musti mriksani atine piyambak-piyambak kagem nyekteni yen panjenengane ugi katawis nyenyuwun kawilujengan kang pati. Banjur tumutaken gangsal lampahan punika

Lampah kapisan

Panjenengane musti ndamel daftar kang kaserat bab sakabehe dosa ingkang dipun eling, kang sampun dipun lampahi.
Kawilujengan iku mung bab ngrampungaken dosa-dosa panjenengan mring Allah
Amarga saka ing ati iku kawetu pikiran kang ala, gawe pepati, laku jina, cabul, nyenyolong, sumpah palsu lan pitenah.  (Injil, Matius 15:19)

Lampah kaping kalih

Kasebuto sakabehe dosa saking daftar kang sampun kaserat dining Sang Juru Wilujeng
Lampahan punika lan sapanunggalane ugi dipun lampahi kalian sujud lan dedunga.
(elingo, Gusti Allah mung ngrungokake pandunga ingkang dipun lampahi kalian ati kang pati.)
“Menawa kita padha ngakoni dosa kita, panjenengane iku stya tuhu lan adil, temah bakal ngapura sakehe dosa kita, sarta nucekake ktia saka sakehing piala.  (Injil, 1 Yohanes 1:9)

Lampah kaping tiga

Nyenyuwuno marang Sang Juru Wilujeng supados nucekake ati panjenengan saka dosa
Yesus Kristus sampun pejah lan ngutahaken getih  tumrap wonten ing kayu salib amargo dosa-dosa panjenengan, ananging, Srira banjur urip malih sasampun dinten katiga. Awit, getih Ingsun sageto kakuwasan ngapus dosa-dosa panjenengan sedaya.
“......sarta rahe Yesus, ingkang Putra iku, nucekake ktia kabeh saka sakehe dosa.  (Injil, 1 Yohanes 1:7)

Lampah kaping papat

Peparingo sakehe dosa panjengan mring Sang Juru Wilujeng
Pracaya marang Gusti Yesus inggih punika purun maringaken (peparing) dosa-dosa panjenengan supados dipun tanggung dining Gusti Yesus.
“ Panjenengane piyambak wis ngrembat dosa kita ing sarirane ana ing kayu salib....”  (Injil, 1 Petrus 2:24)

Lampah kaping limo

Kaparingo Sang Juru Wilujeng lumebet lan ngabebat ing sajroning ati panjenengan nganti salami-lamiyo.
Pitados pracoyo marang Isa Al-Masih inggih punika narima Yesus Kristus dados Juru Wilujeng kang dumadi ing lelampahan urip panjenengan.
"Wruhanira, Ingsun jumeneng ana ngarep lawang sarta thothok-thothok; menawan ana wong kang krungu swaraningsun lan mbukakake lawang, Ingsun bakal lumebet manggih wong iku lan kembul bujana bareng wong iku lan wong iku karo Ingsun."  (Injil, Wahyu 3:20)

Share this:

1 comments:

Ubaldus Eddy said...

wah mesti ada translater ini bagi yang ngak ngerti..

Berlangganan

FeedLangganan Artikel by Email ?

» Cek Email Anda untuk konfirmasi berlangganan